School Info
Tuesday, 30 Sep 2025
  • 🕌 Kami segenap Tim Departemen Media & Publikasi Yayasan Bina Insani Kebumen mengucapkan: "Selamat Memperingati Maulid Nabi Muhammad SAW 1447 Hijriah" 🌙✨ Semoga dengan memperingati Maulid Nabi, kita semakin meneladani akhlak mulia Rasulullah SAW, memperkuat iman dan ukhuwah, serta senantiasa mendapatkan keberkahan dalam setiap langkah dan amal. Aamiin. 🌸
  • 🕌 Kami segenap Tim Departemen Media & Publikasi Yayasan Bina Insani Kebumen mengucapkan: "Selamat Memperingati Maulid Nabi Muhammad SAW 1447 Hijriah" 🌙✨ Semoga dengan memperingati Maulid Nabi, kita semakin meneladani akhlak mulia Rasulullah SAW, memperkuat iman dan ukhuwah, serta senantiasa mendapatkan keberkahan dalam setiap langkah dan amal. Aamiin. 🌸
28 September 2025

Suluk Kabumian

Sun, 28 September 2025 Read 21x Artikel
0
0
Share this post

oleh : Mustika Aji

Le… elinga pesen kawitan,
nadyan sliramu tumapak ing bumi Kabumian.
Ing sisih lor dadi pangreksa urip,
aja ngumbar angkara marang kanca lan alam,
awit saka kono rubeda gedhé bisa tumiba.

Ing tengah panggonan kawruh lan pamaréntahan,
uga dadi lumbung panguripan.
Rukun kudu tansah pinesthi,
yen koyak bakal guncang sak penjuru.
Aja mandheg mung ana ing tengah,
isih ana dalan dawa tumuju kidul.

Kidul iku pralambang masa ngarep,
pusaté gegeré perekonomian.
Ing kono tuwuhing pangajab,
ing kono peradaban ngrembaka.
Nanging kudu tansah waspada,
amarga retak samodra kidul nyimpen bebaya.

Le… yen sliramu kepengin usaha,
lelungaa maring kulon kidul,
nutut poros Tengah–Kidul,
utawa mlaku ngidul ngetan,
utawa meneng ana ing tengah.
Ing kono ana tantangan lan tuwuhing panguripan,
tapi aja serakah,
amarga serakah iku wiwitaning karusakan.

Kulon nyimpen loro gerbang naga,
Wétan uga loro dadi pepadha.
Kaping papat dadi lawang arus ekonomi,
ngalir maring lor, tengah, lan kidul.
Iku bisa nguripi, nanging uga bisa ngiket,
yen manungsa kesrakat marang nafsu.

Nak… aja gumunggung lan ugal-ugalan,
pangreksa bumi purba iki
asale saka turunan wong linuwih,
milih nyepih lan meneng ing sepi.

Lan ing wektu tartamtu,
banyu Luk Ulo bakal nggawa emas saka lor,
mlebu kulon sadurunge tekan sagara.
Nalika mangkono,
elinga lan waspadhaa,
marang kadonyan lan kakuwasan.


✍️ Penulis: Mustika Aji, S.Pd.
(Aktivis dan Tokoh Masyarakat Kebumen)

Baca Artikel lainnya,

© 2025

Departemen Media dan Publikasi

YAYASAN BINA INSANI KEBUMEN


Share this post
This article have

0 Comment

Leave a Comment